Ora ana sing ngira, sumembure lumpur ing areal penambangan Banjar Panji I duweke PT Lapindo Brantas ing Porong, Sidoarjo, bakal kedawa-dawa kaya saiki. Lumpur kang maune –wiwit 28 Mei 2006– mung ndledek cilik ing omahe salah siji pendhudhuk, saiki nyembur arupa lumpur panas kanthi volume semburan 126.000 m3 sedina. Maneka cara wis dicoba kanggo ngendheg sumembure lumpur iku. Ajaa kok kasil, kang tuwuh malah panyana yen semburan iku ora mungkin bisa diendheg, kejaba yen wis wayahe mandheg dhewe –miturut pangira-irane Badan Pengkajian dan Penerapan Teknologi (BPPT) bisa uga 31 taun engkas.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar